Pengantu-antu Dening Waluyo Bagaskara mandangi mayapada Bis pating sliwer Pating brengok Antarane suwara uwong uga mesin Ke...
Home / Posts filed under Geguritan
Showing posts with label Geguritan. Show all posts
Showing posts with label Geguritan. Show all posts
Sunday, 20 May 2012
Pengantu-antu
Dening Waluyo
Bagaskara mandangi
mayapada
Bis pating sliwer
Pating brengok
Antarane suwara uwong
uga mesin
Kebul buleg saka
knalpot
Aku ngadek njegegreg
kaya reca
Mataku jlalatan
mrana-mrene
Muga tumbuk karo kang
dak karepake
Embuh bis pira wae
kang liwat
Saben bis teka dak
pandengi
Apa meneh bis kang
bisa mbok-tumpaki
Suwe-suwe ora kuwat
Kang wis janji ora
katon
Jroning ati misuh
Pangantu-antuku tetep
Isih pangantu-antu
Kapethik Saka: Jaka
Lodhang, 22 Januari 2005
Subscribe to:
Posts (Atom)
Popular Posts
Powered by Blogger.
Blog Archive
-
▼
2012
(77)
- ► 07/29 - 08/05 (4)
- ► 07/22 - 07/29 (1)
- ► 07/08 - 07/15 (11)
- ► 07/01 - 07/08 (17)
- ► 06/24 - 07/01 (41)
- ► 05/20 - 05/27 (2)
