Sunday 20 May 2012

Pengantu-antu


Pengantu-antu
Dening Waluyo

Bagaskara mandangi mayapada
Bis pating sliwer
Pating brengok
Antarane suwara uwong uga mesin
Kebul buleg saka knalpot
Aku ngadek njegegreg kaya reca
Mataku jlalatan mrana-mrene
Muga tumbuk karo kang dak karepake
Embuh bis pira wae kang liwat
Saben bis teka dak pandengi
Apa meneh bis kang bisa mbok-tumpaki
Suwe-suwe ora kuwat
Kang wis janji ora katon
Jroning ati misuh
Pangantu-antuku tetep
Isih pangantu-antu



Kapethik Saka: Jaka Lodhang, 22 Januari 2005

Komentar


Powered By FISHBONE